Rabu, 26 Oktober 2016

Geguritan "WAYAH WENGI"



Wayah Wengi
Dening: Anthik Rowindasari

Angslupe surya ing sih kulon
Ngelingake sliraku
Tanpa bisa dak ujarake karepe kepiye
Hangebeki rasaning dada nganti sesek
Ilang lan teka, mara lan lunga
Kangenku kesaut angin mara-mara

Rumangsa kangelan
Olehku nggayuh mega
Wayah wengi…
Ilu iki netes brebes
Ngrasakake laraning ati
Dalanku buntu
Amung bisa semeleh
Suwe anggonku ngenteni
Awakmu teka nyanding sliraku
Rene ngancani uripku
Iki ngono mung angen-angenku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar