Semut
lan Pompong
Dening: Anthik Rowindasari
Ing sawijining
alas, urip macem-macem kewan kang katon akeh urip bebarengan. Ana jenising
gajah, manuk, jerapah, kidang, kethek, macan, singo, kupu-kupu, ula, kodok,
semut, tikus, kucing, kadal, uler, badak, iwak lan liya-liyane. Kabeh kewan mau
padha guyub rukun bebarengan ing habitate dhewe-dhewe. Sakbendinane kewan-kewan
kuwi ajeg supadha ewang-ewang siji lan liyane, dadi padha rukun karo kancane
ora ana sing jenenge royokan panganan.
Wondene
singo mesti didadekake raja ing alas, ananging singo mesti bisa mimpin apa wae
sing kudu dilaksanakake marang kabeh kewan. Alas kuwi biasane ayem tentrem adoh
saka kadadean kang ala-ala. Kewan-kewan padha urip sak karepe dhewe, padha
njaga alame dhewe-dhewe. Kabeh padha ngerti, yen alase bubrah dheweke ora bisa
urip kumpul bebarengan maneh ana ing alas kuwi. Mulane kabeh padha njaga marang
habitate dhewe. Uga kadang kewan-kewan kuwi ya kerah amarga wektu golek pangan
diganggu marang kewan liyane. Ananging mesti raja alas si singo mau bisa
nengahi kadadean kang ana ing njero alas mau.
Bengi
kuwi, singo pengen gawe pesta cilik-cilikan kanggo ngrayakne laire anake sing katelu.
Singo wara-wara marang rakyate yen pas malem minggu kabeh kudu teka ning omahe.
Dheweke seneng, rakyate padha urip akur lan gotong royong saben salah sijine
butuh mesti diewangi. Ananging 1 kewan sing kemethak ora gelem ngewangi liyane
yaiku semut. Wiwit dina iki mau kabeh padha nyambut gawe gotong royong ing pestane
singo sing arep dienekke ing malem minggu.
“dang,
kidang.. kowe kok bisa mlayu banter ki piye?” pitakone penyu
“iya
aku duwe aji-aji sing bisa nggawe aku mlayu banter.” Saurane kidang
“mbok
aku di wenehi aji-ajine kuwi dang.” Suarane penyu
“ki
lho nyu tak wenehi aji-ajine……..” kidang semaur
Pas si kidang
arep nyauri pitakone penyu ana suara gemuruh saka lor mengidul. Ora ngira ora
nyangka, ana angin puting beliung kang nrabas ana ing alas kuwi. Kabeh kewan
pada bingung piye amprehe ben padha slamet. Padha mlayu dhewe-dhewe golek panggonan
sing luwih aman. Langsung wae ninggal gawean nata omahe singo sing arep
nganakake pesta kuwi mau.
Pompong sing pas
kuwi lagi gemandul ning wit mahoni sing panggone cedake omahe singo. Dheweke
bingung kudu kepiye. Amarga ana angin kang gumulung ing alas sing dipanggoni
kuwi mau.
“aduh, aduh aku
kudu kepiye iki? Gak ana panggon kang bisa gawe nglindungi aku. Tulung, tulung”
rintihane pompong
Si pompong
bingung amarga suwi-suwi angin ora bisa mandek nggawe rusak apa wae kang ana
ing alas iku. Kewan-kewan padha mlayu dhewe-dhewe golek panggon sing luwih aman.
Wis piye carane kabeh padha bisa slamet saka amukan angin kuwi mau. Ananging
pompong namung bisa sabar ngadepi angin puting beliung. Dheweke donga supaya
bisa bakoh ana ing panggone gemandul.
“Kratak..
krek..krek”
Suara wit mahoni arep ceklek amarga
angin banter sing nabrak wit kuwi. Pompong bengok-bengok luwih banter jaluk
tulung marang liyane. Si semut krungu bengokane pompong sing bingung jaluk
tulung. Gajah lan kewan liane podho mlayu-mlayu supaya ora kena anging kang
mobat-mabitke alas kanthi ora karuan. Ora padha krungu yen pompong jaluk tulung.
Sing weruh yen pompong bingung ya mung semut. Semut ngece marang pompong sing
ora bisa mlayu mau.
“pong, kowe ora
bisa mlayu to?” pitakone semut
“iya
mut, aku ra bisa mlayu amarga aku durung dadi kupu. Mulane aku jaluk tulung
marang kowe mut ben aku bisa mlayu” saurane pompong
Semut ora nggatek omongane pompong.
Semut ndelik ing ngisor lemah supaya ora kena amukan angin.
Ananging ndelalah
angin mau mung lewat 5 menit nrabas alas kuwi. Dadi pompong bisa slamet saka
angin kuwi mau. Usaha kang dikuatke supaya bisa gemandul ana ing wit mahoni sing
wis ambrug mau. Semut mlayu sakwise ngomong yen ora bisa ngewangi mlayu
pompong. Dheweke pamer yen bisa delik ana ing lemah supaya ora kena angin sing
nyilak alas kuwi dadi resik.
Dina sesuke,
kewan-kewan padha mbalik ana ing asale. Alas mau rusak kabeh amarga diterak
angin puting beliung ndek wingi. Kabeh padha sambat alas panggone urip rusak
sakkedeping mata. Ananging kabeh padha gotong royong maneh mbangun panggone
kaya sakdurunge.
Si semut lagi
mlaku-mlaku golek panganan nglewati lemah sing bisa mangan apa wae kang lewat
ning duwure. Semut ora ngerti yen ana lemah urip ning ngarepe. Amarga wujude
kaya endhut sing biasane kena banyu udan.
“tulong, tulong
aku kepeset. Aku ora bisa mentas saka iki”
Ana kupu-kupu sing lewat, nduweni
lar sing apik lan endah.
“mut,
semut kowe nyapo ning kono?”
“tulungen
aku pu, aku kepleset ning njero kene, aku ora bisa mentas”
“iki
aku pompong sing ndek mben kae jaluk tulung marang kowe ananging kowe ora nulungi
aku”
“heh?”
semut kaget ra ketulungan
“ayok,
mut tak geret menyang pinggir”
Banjur pompong
nulungi semut sing kepleset ning njero lemah urip kuwi mau. Semut kaget ora
ngira yen pompong bakalan nulungi dheweke. Semut ngrasa ora kepenak marang
pompong.
“pong, nuwun aku
wis mbok tulung saka lemah urip iki. Umpamane ora mbok tulong aku mau wis mati
mlebu ana ing lemah urip kuwi”
“iya mut
padha-padha” semaure pompong sing wis dadi kupu-kupu
Semut jaluk ngapura amarga dijaluki
tulung pompong malah ora ngewangi tapi ngece pompong ora bisa mlayu. Semut
sadar yen kemaki kuwi ora oleh, padha-padha kewan kudu ssupahha ngewangi siji
lan liyane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar