Rabu, 26 Oktober 2016

Geguritan "Donya Bubrah"

Donya Bubrah
Dening: Anthik Rowindasari

Gunung-gunung kang ngadeg jejeg
Alas-alas sing kagampar luas
Banyu mili saka grojogan, segara lan kali
Titipane Gusti marang kita sedaya
Namung saiki jagade wis awit tuwa
Sing biyen tandurane subur
Sing biyen rakyate makmur
Bareng suwe-suwe saya ajur
Salahe sapa?
Salahku apa salahmu?
Ya iki ngono
Sak mestine salahe kabeh manungsa
            Donyane wis tuwa
            Manungsa ora bisa jaga
            Sak karepe dhewe lan sak polahe dhewe
            Ora bisa nglestarekake
Sampah-sampah kating slengkrah
Alas-alas padha ditebas
Banjir bandang ngembara dalan-dalan
Gunung sing maune agung dadi nggulung-gulung
Apa kuwi akibate
Apa kuwi kahanane
            Gusti Allah maringi tanda-tanda
            Mula saiki padha elinga

Tidak ada komentar:

Posting Komentar