Geguritan menika daktulis kagem putraku, Sadawira Aji Renantama.
Ngger anakku...
Rembulaning wengiku..
Gatekna ngendikane bapa lan ibumu
Mangertia ngger, donganing biyungmu
Tansah rinonce ing kalbu
Tanpa kendhat olehe nyuwun
Ngger anakku..
Bagaskaraning ratriku..
Dadia ksatriyan kang tuhu..
Gatekna kawibawan saha budi kang luhur..
.
Ngawi, 25 Juli 2023
dening : Anthik Rowindasari, biyungmu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar