Rabu, 29 Agustus 2018

Bedane Pepindhan, Paribasan, Bebasan, Saloka lan Sanepa



1.       Pepindhan tegese unen-unen sing ngemu rasa irib-iriban/emper-emperan.
Tuladha: Praupane bocah loro iku kadya jambe sinigar
2.    Paribasan tegese unen-unen kang wus gumathok, sing nduwe teges wantah/apa anane, tanpa pepindhan/irib-iriban.
Tuladha: aja adigang, adigung, adiguna
3.       Bebasan tegese unen-unen kang gumathok, sing ngemu rasa pepindhan, sing dipindhakake solah bawane.
Tuladha: nabok nyilih tangan sing ateges gawe larane liyan sarana kongkonan wong liya.
4.       Saloka tegese unen-unen kang gumathok, sing ngemu rasa pepindhan, sing dipindhakake wonge.
Tuladha: gajah ngidak rapah, tegese wong gedhe/pemimpin sing nrajang wewalere dhewe
5.       Sanepa tegese unen-unen kang nduweni teges kosok balen.
Tuladha: dedege dhuwur kencur, kang ateges dedege endhek banget

Tidak ada komentar:

Posting Komentar