Rabu, 29 Agustus 2018
Bedane Pepindhan, Paribasan, Bebasan, Saloka lan Sanepa
1. Pepindhan tegese unen-unen sing ngemu
rasa irib-iriban/emper-emperan.
Tuladha:
Praupane bocah loro iku kadya jambe sinigar
2. Paribasan tegese unen-unen kang wus
gumathok, sing nduwe teges wantah/apa anane, tanpa pepindhan/irib-iriban.
Tuladha: aja adigang,
adigung, adiguna
3. Bebasan tegese unen-unen kang gumathok,
sing ngemu rasa pepindhan, sing dipindhakake solah bawane.
Tuladha: nabok
nyilih tangan sing ateges gawe larane liyan sarana kongkonan wong liya.
4. Saloka tegese unen-unen kang gumathok,
sing ngemu rasa pepindhan, sing dipindhakake wonge.
Tuladha: gajah
ngidak rapah, tegese wong gedhe/pemimpin sing nrajang wewalere dhewe
5. Sanepa tegese unen-unen kang nduweni
teges kosok balen.
Tuladha: dedege
dhuwur kencur, kang ateges dedege endhek banget
Langganan:
Postingan (Atom)