Wayah
kuwi adhik dolanan karo konco-kancane cacahe 10. Mergo latar umahku amba dadi
bocah-bocah podho mlumpuk ning kono. Podho rame cekikian bareng-bareng.
Nanging, moro-moro podho meneng mergo bingung arep dolanan apa. Akhire aku usul
karo bengok piye yen dolanan delikan wae. Adhik lan kanca-kancane setuju karo
usulku.
Bar kuwi kabeh
hompimpah, delalah sing dadi kuwi jenenge Badrun. Bocahe lemu lan rodhok lemot.
Mergo kuwi, kabeh podho guyu kekelen pas sing dadi Badrun. Bocah kuwi wiwit
nikup mripate lan senden nunduk ing wit talok. Badrun ngawiti ngitung soko
nomor 1-20 sing liane podho mlayu ndelik sak karepe dewe-dewe. Ora suwene
ngitung, bocah-bocah wis podho ndelik lan suasanane sepi ora ana swara blas.
Ana sing ndelik ing mburi omah, menek wit jambu, ing njero omah, samping omah,
mburi kandang wedhus lan ngisor mejo. La delalah adhikku ndelik ing mburi omah
cedhak karo kalen gone mbah boinah. Ora suwe Badrun wis nemoake bocah 8. La
kurang 2 kuwi adhikku lan koncone jenenge Basuki.
Tak
sawang-sawang, adhikku iseh wae nguthek ing mburi omah karo cekikian. Ning
ngarep kono krungu yen Badrun wis nemoake si Basuki. Dadine kurang adhikku sing
during ditemoke. Ketok e Badrun wis muyer-muyer ngalor, ngidul, ngetan, ngulon
ora bisa nemoake anggone ndelik adhikku. Adhikku sampek dempis meneng karo
mesam-mesem pertanda seneng dhewek e bakal sing menang.
Ora
suwene Badrun mubeng-mubeng akhire badrun nyerah wis ora bisa nggoleki anggone
adhikku ndelik. Krungu swara yen konco-kancane nyeluki “ woe Agus, Badrun
nyerah ! ndang metuo”. Seraya atine seneng adhikku mlayu banter lan ora weruh
yen anggone mau ndelik dalane lunyu cedhak karo kalen kanggo ingon-ingon lele.
“Byurrrrr…..” swara banyu kecemplungan adhikku. Adhikku bengak-bengok jaluk
tulung mergo ora bisa nglangi.
Akhire podho gemruduk
marani anggone kuwi. Si Badrun lan Basuki langsung nyemplung nulung adhikku,
syukur alhamdulilah adhikku slamet. Adhikku ngucapne matur suwun ing Badrun lan
Basuki kang nylametne dhewek e. Lan sakwise kadadeyan kuwi adhikku saiki luwih
ngati-ati saben lewat dalan anggone dhewek e kepleset mau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar